Ha Na Ca Ra Ka

Ana caraka
padha tan suwala
padha jayanya
marga bathanga

Lekase ana caraka kang pepadha tan suwala mring paprentahing gustinira, nanging banjur bandayuda, kekarone pada jayanya…ing wekasan dadya marganing abebathang…lampus kekarone…amung gusti pepunden kang muwun gero-gero, caraka kinasih tumekeng pati….

Kung kakung…
keng wayah kemutan duk ing nguni
jengandika lenggah hamedar sabda
sabdatama kang tumurun mring tiyang jawi
hanacaraka sapepantha
jarwanya kang samya beda-beda
celak sapandulu tebih sapenggalih
marmanya tyas kang ening
ageman para kang tansah eling
panggulawenthah adiluhung
aja sira tinggal mring kawaspadan

kung kakung…
keng wayah kayungyun panggulawenthah ndika

Leave a comment